Mas Sudrajat,
Mas kan suka ngelmu dan ngeyel, ini ada ngelmu, semoga tambah mumet dan
ngeyel.
Persembahan anak buah ku yang mengetik ulang buku kuno jaman baru,
regane mung Rp.10,-, tulisane wong Samarang, samar-2 tur arang-2.
Mbuh nek dipitakone royalti, panjenengan sing mbayar, yen ora gelem
mbayar yo dieyeli bae Mas.
Salam Ngeyel,
sudjanto
KITAB WEJANGAN MAHA PRANA JATI
JILID II
Oleh :
Bp. R.S KOESOEMOWARDOJO
Jl. Bima II/ 25
SEMARANG
WULANGAN KANG KAPINDO BAB : SASTRATJETA
Sejatine aksara Jawa iku saka penemune Pujangga Jawa ing jaman kuna.
Aksara jawa iku ora mung perlu kanggo nulis utawa nyateti
kedadian-kedadian kang wigati bae, nanging uga nyimpen kawruh rupa-rupa.
Mengkono ugo bab anane gamelan sarta wajang purwa, iku kang ngarang
suwargi Kanjeng Sunan Kalijaga ing desa Kadilangu Demak, iku uga ngandut
kawruh batin lan lahir. Terange kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Gamelan kang diweruhi dening wong akeh (masyarakat) iku isine mung bab
kesenian, gending lan lagu utawa irama. Nanging kajaba iku salugune uga
isi kawruh bab kawuksman, ilmu jiwaning manungsa.
Wayang Purwa, kang lumrah mung isi lelakoning manungsa ing jaman kuna,
nanging saklugune uga isi kawruh bab duduk selehe utawa dununge jiwaning
manungsa.
Kacarita ing Negara Ngalengka, kang dadi aran Prabu Dosomuka, duwe
sadulur nunggal rama itu telu, sing loro lanang, sijine wadon aran :
1.
Kumbakarna
2.
Wibisana
3.
Ayu Sarpakanaka
Iki salugune dadi simbul utara plambange wadining kawruh kebatinan, kang
ngenani wataking manungsa, terange mangkene :
1.
Dosomuka iku dadi sanepane napsu amarah
2.
Kumbakarna iku dadi sanepane napsu aluamah
3.
Wibisana iku dadi sanepane napsu mutmainah
4.
Sarpakanaka iku dadi sanepane napsu supiyah
Mangkono plambang kang sumingit ana ing wayang Purwa, ngemut pituduh bab
kawruh lahir lan batin. Mangkono uga wadine kang sumimpen ana ing dalam
aksara Jawa (Carakan) malah luwih wigati maneh.
Aksara Jawa iku jumlahe mung ana 20 iji, yaiku :
1.
Ha 11. Pa
2.
Na 12. Da
3.
Ca 13. Dja
4.
Ra 14. Ja
5.
Ka 15. Nya
6.
Da 16. Ma
7.
Ta 17. Ga
8.
Sa 18. Ba
9.
Wa 19. Ta
10.
La 20. Nga
Carakan iki ora mung kanggo nulis laying bae, nanging duwe wadi kang
kang tumuju marang kawruh kebatinan, terange mangkane :
Aksara kang sepisan aran Ha, dene pungkasane aran Nga, dadi kang 18 iji
liyane iku minengku dening aksara Ha lan Nga, tegese Ha lan Nga iku
"Hangen-hangen" utawa "Hangin". Uripe manungsa era bisa
pisah kalawan Hangen-hangen lan Hangin, yen sak karone iku ora ana,
manungsa mau aran tilar donya. Dadi nyata yen carakan mono nyimpen
wewedining uripe manungsa.
Kajaba aksara 20 warna mau, ana tambahane aksara silihan limang rupa,
yakui A.I.U.O.E. limang aksara iki aran aksara "suwara", terange
mangkane, ora dumunung ana ing jaba lan ing njerone badaning manungsa
wondening aksara 20 iji mau, dibagi dadi rong golongan :
GOLONGAN KANG SAPISAN :
20 iji dipecah dadi telung bagian, yaiku :
1.
Ha lan Nga
2.
Na, Tha, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa, Wa, La
3.
Pa, Da, Dja, Ja, Nya, Ma, Ga, Ba, Tha
Tegese :
Ha lan Nga, iku angen-angen utawa angin, Na, Tja, Ra, Ka, Dha, Ta, Sa,
Wa, La, iku babahan hawa sasange lahir.
Pa, Da, Dja, Ja, Nja, Ma, Ga, Ba, Tha, iku babahan hawa sasanga batin
GOLONGAN KANG KAPINDO :
20 Iji mau dipecah dadi patang bagian:
1.
Ha, Na, Ca, Ra, Ka
2.
Dha, Ta, Sa, Wa, La
3.
Pa, Da, Dja, Ja, Nya
4.
Ma, Ga, Ba, Tha, Nga
Tegese :
Ha, Na, Ca, Ra, Ka = ana utusan
Dha, Ta, Sa, Wa, La = pada salawa = tukaran
Pa, Da, Dja, Ya, Nya = pada sektine
Ma, Ga, Ba, Tha, Nga = pada mati kabeh
Keterangan kang luwih ceta maneh mangkene :
*
Ha na ca ra ka, karepe wis ana utusaning Allah, yen ing saat iku wis
mlebu ing petung kurang 20 dino bakal tilar donya.
*
Dha ta sa wa la , ing wektu iki kahanane lahir lan batin wis ora
cocok, mratandani yen patine wis kurang 15 dino maneh.
*
Pa da ja ya nya, ing wektu iku kahanane lahir lan batin dadi gumolong
tetap teguh, ora ana rasa owah gingsir, ilang was sumelang, iki tegese
nompa sasmita yen patine wis kurang 7 dina maneh.
*
Ma ga ba tha nga, ing wektu iku rasaning lahir lan batin wis ora duwe
karep apa apa, iku mratandani wis tumeka ing janjine urip ninggal
donya.
Wondene aksara suwara A I U O E, iku melindungi jasate manungsa ana ing
alam donya lan akerat. Supaya tambah gamlang maneh, diterangke sarana
nganggo gambar kaya kang kasebut ing gambar iki :
Keterangan :
No. 1 tumeka No. 8 iku tegese badaning manungsa,
No. 1 tumeka III iku tegese alaming manungsa, alam wadag, jaga melek.
Wondene bunderan kang ora ana nomere iku, tegese panguwasane Gusti
Allah.
SASMITANING PATI
Mungguh kang dadi tonda tandaning sasmitaning pati iku mangkene :
Ing sakawit yen sira tangi turu, duwe pangrasa rasaning pikir lan atimu,
ora tetep seneng, duwe pangrasa kang during tau ngalami serta rasaning
lakuning napas ora kaya adat saben, tegese wis kurang lancar. Yaiku
tanda yen wis ana utusan saka Pangeran bakal mati kurang 20 dina. Iku
nyatane sastratjeta tjarakan mau.
Ing kono sira wayahe masrahake jiwa lan raga marang Gusti Allah,
mantrane mangkene : Ingsun masrahake kang dadi panguwasaning Pangeran
wolung prakara, yaiku Roh, Napas, Budi, Iman, Pangrasa, Pamiarsa,
Paningal lan Panggonda. Muga pada muliha marang asalika saka kodrat
Ingsun.
Yen wis masrahake mangkono wajib sira ngurangi kareping wolung prakara
iku, kaya kang kasebu ing ngisor iki :
1.
Roh, napase roh kudu disirnakake, umpama maune sadurunge tompa sasmita
karem banget ngumpuli marang wanita, sakiki banjur ora ngumpuli wanita
maneh.
2.
Napas, napsuning napas kudu disirnakake, tegese umpama kepetuk mungsuh
ora kena sengit, ora kena napsu marang sapa bae, atine kudu digawe
sabar, pulatan kudu sumeh, yen rumongsa duwe dosa marang sapa bar,
inggal jaluk panggapura, rasane sing nganti kandas ing lahir batin.
3.
Budi, ilangana krentenging budi kang ora iklas-lila sanajan duwe bonda
mayuta juta regane, anak bojo kang kinasih kabeh iku lilakna = iklasna,
paribasane samendang pinara sewu wis ora bakal dieman neh.
4.
Iman, sampurnakna imanmu, tegese kabeh tindak lakumu kang sarwa pasrah
lan sabar mung gumolong meleng sawiji tumuju marang sediyamu kang
sejati, bali marang asal mula mulanira.
5.
Pangrasa, golongan tekatmu, aja duwe pangrasa kang ora becik, sanajan
sira krungu wong omong kang ora tata, umpamane sira dipisuhi, iku
tampanen kanti pangrasa kang becik, aja nganti obah atimu, duwe pangira
marang liya kang ora becik, iku uga ora kena. Cekake kabeh kedaden ing
alam donya iki becik kabeh, dadi pangrasamu mung nrima ( nompo kabeh
kahanan kang ala lan becik digawe pada ).
6.
Pamiarsa, napsuning pangrungu kudu disirnakake, tegese aja ngrasakake
suwara kang sarwa nikmat lan nyenengake utawa gawe bungahing atimu.
Dadi karepe aja nganti trima marang sakwernaning suwara kang ana ing
alam donya.
7.
Paningal, sirnakna napsuning paningal, tegese aja nganti duwe (weruh)
marang rerupan apa bae kang asal saka alam donya.
8.
Panggonda , pangambu sirnakna, tegese aja nganti kena panggandaning
pangambu, gonad sedep arum wangi aha nganti manjing ing sanubarimu,kang
kudu diesti mung gandane diri pribadi.
Kang kapindo : yen wis ngrasa bisa nguwasani lahir lan batin, tegese wis
bisa kasembadan apa kang dadi sediyane, hananging ing kono isih apa rasa
bungah lan susah. Manawa bungah rasane luwih bungah banget, yen susah
uga mangkono rasane nganti kandas ing batin. Paribasane nganti ora kena
diukur susahe.uga banjur krungu suwara kang selawase durung tau krungu,
lan ora katon sapa kang nyuwara mau lan uga mambu gonda kang durung nate
gonda, kaya mambu gandane bayi kang nembe lahir saka biyunge. Yen weruh
rerupan ya rupa kang sarwa elok ya iku tanda yen utusan mau lagi
poncakara (perang) iku tegese wis kurang 15 dina maneh bakal tilar
donya. Ya iki buktine : Dha, ta, sa, wa, la
Yen wis ana tanda mangkono, ya iku wis tutuk wayahe masrahake gawa kang
asal saka Bapa lang Biyung, mantrane mangkene :
Ingsun masrahake kang dadi panguwasane Bapa lan Biyung wolung bab, yaiku
: kang asal saka Bapa, getih, daging, kulit, uteg, dene kang saka Biyung
: balung, sungsum, urat, jeroan, pada muliha marang asal ira saka kodrat
Ingsun.
Yen wis masrahake mangkone iki, sira tumuli semadi kaya wulangan bab
semadi kang sapisan ing ngarep. Manawa tata carane semadi mau wis
dilakoni kabeh, sira mujia mangkene : "Ashadu tibaning rasa Allah,
patemone Rasullulla, sampurnane iya Rasullullah".
Puji iki di ucapke yen wayah arep turu lang tangi turu. Nanging yen arep
turu kudu moca kuncine mangkene : "Niat Ingsun turu, badan gumuling
atiku eling, roh madep imanku tetep". Dene yen tangi turu wacane
mangkene : "Sirrullah kang mati, dattullah kang urip."
KANG KATELU
Manawa pikiran wis krasa ora ajeg, tegese nggrambyang utawa cat eling
cat lali, lan ambuning napas uga wis beda karo adat sabene, iku tetepi
sasmita mratandani kurang 7 dina maneh tumeka ing pati, yaiku nyatane
Pa, da, dja, ya, nya.
Ing kono wektune neguhake utawa golongake pikiran, was sumelang kudu
disirnakake, aja kuwatir apa apa, mung kang esti rasa lila legawa. Lila
marang kabeh donya branane, wis wancine didumake marang ahliwarise, yen
duwe kawruh (ilmu) apa bae uga wajib lang inggal di tampakake
(diwejangake) marang sapa bae kang pantes lan bisa nompa.
Legwa masrahake jiwa ragane marang Gusti Allah, rasaning ati nganti lega
(iklas) wus ora ana barang sawiji kang den akoni. Ing kono kari rasa
sucining batin kang ana. Yen duwe welas (welingan marang anak putu apa
sadulur lan liyane, inggal tuturana (kahirna) perlune supaya yen wis
tumeka wancine muling ing alam baka, wis ora ragu ragu apa mandek
tumulih dadi bisa gawe padang dalane dewe.
KANG KAPING PAPAT
Manawa sira wis krasa arep turu bae, (tansah ngantuk) iku pratanda yen
kekuwataning paningal wis kumpul ana ing uteg, iku tegese wis mlebu
wayah tinggal donya yaiku Ma ga ba tha nga.
Ing kono sira kudu ngatur lan jaga, aja nganti ana rasa owah gingsir,
sanajan mung samendang pinara sewu. Kang ana mung awas lan eling marang
isi sarine kawruh kang wis sira rungkebi, kumpul gumolong dadi siji ana
ing agen agenmu tumuju marang kang sira sediya.
Yaiku retine Ha lan Nga kang hamengku lan murbawasesa kabeh kang dumadi.
oooooo0000000ooooooo
AUM AWIGNAM NASTU NAMAS SIDDAN
Tegese
RAHAYUWA SAGUNG KANG DUMADI
Ing kono yen sira mambu gonda amis, kaya ambune getih nalika lahire
jabang bayi, iki mertandani yen isih eling marang bab kadonyan kayata :
eling marang donya branane, eling marang kekasihe lsp, iki gawe peteng
dalan kang tumuju marang kasampurnan sejati.
Yen mambu batin iki tegese isih eling marang anak putune utawa para
sadulure lan mitrane, iki anggawe binggunge dalan mring kasidan jati
yaiku godane ari ari (bing-bing).
Yen mambu wangur, yaiku godaning kawah yen kena pangaruhe goda wangur
iki tegese isih emut marang pengertine (ilmu) iki gawe ragu raguning
pangerti kang tumuju marang sampurnaning pati.
Yen gonda wangi, iku ambune bungkuse bayi, yen kena pengaruhe gonda
wangi iki martandani isih eling marang Allah, iki gawe salah panganggep
ing tujuane kasampurnan.
Yen mambu sedep kaya ambune bayi kang wis resik, iku tanda yen isih
eling lan ngakoni dadi makluk (kawula) iki kang gawe sampurnane dumadi,
mulih marang mula mulanira. Iki nyatane aksara suwara A.I.U.O.E tegese :
A = Aku, I = Iki, U = Urip, O = Oleh (nompa), E = Eklas, rahmat.
Dadi aksara suwara iku kang hamengkoni ing badaning manungsa ana ing
alam donya nganti tumeka ing watesing alam akerat.
Ana ing wektu iki kang den arani sa'at "sakratil mauti",
wancine ngaleh enggon, waktu pisahe jiwa lan raga. Yen patrap anggonmu
nata badan patitis, kaya kang jinarwa ing wulangan Semadi, kayata :
sumelehing badan, lakune napas, pamelanging cipta lan sapiturute bener
inggal lakuning rasa lan pangrasa ora gumyur, ing kono wayahe wahyunira
wis katon ngegla tanpa warana banjur ngucapa mantram mangkene :
Ashadu kahanan Ingsun, iloha rupan Ingsun, Allah pangeran Ingsun, iya
Ingsun kang nuhokake marga kang padang urip tan kena lali, lara tan kena
ing pati, dhatles tan ana krasa.
Ooooooooooo000000000000oooooooooo
Ing ngisor iki katerangan bab sandangane aksara Jawa, mangkene :
Wiwit saka pangkon, (paten) iki tegese panggonan Roh, karepe
sampurnaning urip, manungsa sakwise tilar donya , nyatane wis ilang
sipate, nanging isih ninggal asma.
Roh iku dumunung ana ing uteg, mongka uteg iku ana ing njero sirah, iku
dadi sandangan wulu (hulu), tegese sirah ya iku pokok dumadine badan
wiwit saka sirah.
Sandangan "Suku" (sukon), tegese dadi cagake badan wadag.
Taling iku tegese "kuping" pamiarsa, pangrungu ana ing kuping.
Taling tarung, Irung dumunge pangambu.
Pepet, tegese ketutup, dununge ana ing napas, mangon ing jantung, yaiku
kang nglakokake getih, dadi jantung iku kaya dene lawang dalaning getih
mlebu metune mratani ing badan sakojur.
Jantung iki piranti pokok ing badaning manungsa, ya dadi dalane Prana
kang kawasa hanjalari marang urip.
Cedak dumunung ona ing sanubari;
Lajar dumunung ana ing Iman = relung hati
Wigjan dumunung ana ing Pangrasa weteng = waduk
Telung sandangan iki kang aran "Panjigek suwara" sebab dadi
wakile engetan lan kapinteran lahir sarta batin. Wondene sandangane
cokra, ana ing mripat, ing teleng aran manik. Keret iku irenge mripat,
teleng = kang kapanggonan manik.
Pingkal, putihe mripat. Kabeh iki sinebat aran "Wijanyana" sebab
dadi wakile aksara kang bisa muni bebarengan.
Kajaba kuwi ana maneh tembung kang aran :
Na, Sa, Dha, Tha iki aran "Murdanio" banjur ana maneh , Nya,
Sa, Tja, Dja iki aran Talwio , tegese kabeh aran Triloka yaiku alaming
manungsa, kaya kang diterangake ing wulangan sapisan.
Dene tembung "Tataprunggu" yaiku aksara kang didadekake ongka
(nomer) kaya kang kasebut ing ngisor iki :
Ga :ongka siji dadi perlambange kawitan sampurnane manungsa
Ngalelet :ongka loro, dadi perlambange lakuning manungsa mesti
pinaringan timbangan dening Pangeran, kayata anane wong lanang lan
wadon, Awan lan bengi, lara lan waras, beja lan cilaka, urip lan mati,
Kawula lan Gusti.
Ngapingkal :ongka telu , tegese netepake keyakinaning manungsa pinasti
kudu nompa lang nglakoni lelakon pangawane dewe salawase ana ing alam
donya, supaya aka nganti ngeluh ngresah, sebab pepastining urip wajibe
kudu ngambah ing alam telung rupa yaiku :
1.
alam jaga (melek),
2.
2. turu ,
3.
3. tilar donya (mati) jalaran iki wis ora bisa diuncati maneh.
Mamiring :ongka papat iku tegese nyatane Allah dadi sesembahane kabeh
mahluk, ora wujud ora arah ora panggonan lan ora katon, uga ora kena
kinaya ngapa. Lan uga dadi plambange asal kedadiane badan wadaging
manungsa saka anasir patang rupa, yaiku :
Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. Banyu. Mangkono uga anane klebating
manungsa iku ana papat.
1.
Wetan, yaiku lambange nalika Bapa lan Biyung pada sapatemon,
2.
Kidul, yaiku plambange nalika Bapa lan Biyung kumpul
3.
Kulon, iku plambange nalika Bapa lan Biyung nganakake Dhat nanging mung
darma dadi lantaran bae
4.
Lor, iku plambange nalika lahire jabang bayi
Makurung :ongka lima, iki maksude panguwasane Gusti Allah, nalika wiji
isih ana ing guwa garbaning Bapa lan Biyung, Bapa iku mung saderma dadi
lantaran dumadining jabang bayi. Makurung tegese dadi kalima pancer, lan
jumenenge ana ing satengahe keblad.
E : dadi angka nem, maksude Eklas terange Eklas iku ana nem warna yaiku
:
1.
Rila
2.
lali
3.
lulus
4.
eling
5.
langgeng
6.
sumarah (pasrah)
KETERANGAN :
1.
RILA, tegese kelangan apa bae wis ora getun
2.
LALI tegese lali marang dhat sipate, maksude lali ing badan lan jiwane
ditinggal ana ing alam donya.
3.
LULUS , nglulusake selawase urip kanti nikmat lan manfaat
4.
ELING, eling marang angale lan eling marang mula mulanira
5.
LANGGENG, ora bakal owah ngingsir maneh, terus langgeng asmane
6.
SUMARAH yaiku masrahake jiwa ragane katur marang Pangeran
La :dadi ongka pitu, iki tegese tetepe lakuning wayah (jam) kang ora tau
blinjani, kayata lakune srengege, mesti wayahe tetep, mula para Pandita
iku pada nganggo watak pitu.
Pa palya :dadi ongka wolu, iki karepe nuduhake lakuning semadi kang
tumuju marang Suksma Kawekas, ana wolung bab, aran "Hasta Brata"
keterangane kaya kang kacetak ana ing wulangan ngarep.
Ja :ongka sanga, tegese anane babahan hawa sasanga
Das = nul :tegese dadi tanda marang ajining angka, jen das mau dumunung
ana ing sangarepe ongka, tegese ajine(regane) ongka mau dadi suda, aran
winengku, dikuwasani. Nanging yen das ana ing burining ongka iku tegese
regane angka mau banjur dadi mundak duwur, aran hamengku nguwasani
(tulada Rp. 00.1 lan Rp. 1,00).
Kajaba iku ana maneh karepe, yen wujud mung das tok iku tegese ora duwe
pangadji (ora duwe rega)utawa suwung dadi karepe badan wadage manungsa
iku yen wis di unjadi ing suksma, wis ora ana gunane jalaran wis suwung
lan wis ninggal sipate, kang kari mung asmane.
Ana maneh candake sasmita sandi kang wujud tembung ( ukara) siji nanging
mengku karep rong rupa, yaiku :
Ka ta pa ga ba iki aran Alpa Prana
Ka ta pa ga ba iki aran Maha Prana
Tegese "Alpa Prana" iku kawula) dadi anane kawula
Tegese "Maha Prana" iku Gusti ) lan Gusti
Keterangane mangkene :
Kawula (titah = mahluk) iku kadunungan apes lan lali, sebab titah iku
bisane dadi luhur kudu nglakoni (duwe laku), mula dikaya ngapa pintere
manungsa ora bakal bisa madani kalawan panguwasane Pangeran. Sebab
manungsa tansah binuntel ing kamarkaning alam donya. Mula biasane
kelakon sediyane iku mung gumantung marang lila legawane anggone
masrahake jiwa ragane marang Pangeran.
Wondene Gusti Allah mula sinebut ora makan ora jaman, lan tan kena
kinaya ngapa, sebab Panjenangane kang nglimputi sumarambah ing sakabehe
kang para dumadi, kang bisa diweruhi dening manungsa kodrate
panguwasane.
Tingkah patrape Semadi wis diterangke ana ing ngarep, dadi yen manungsa
wis bisa netepi ing pituduh mau banjur ngeremake mripat kang alon-alon
lan dedasar ati sabar. Ing kono sira bakal manjing ana ing alam kang
peteng dedet lelimangan wis ora kena diumpamakake maneh. Ing kahanan iku
ana kang nyebut aran "Tapel Adam". Yen wis mangkono inggal
ngucapa mangkene "
Pangrasa Suksma Luput, iya pangrasane Nyawa kang mulya, iya pangrasane
Suksma. Suksma ilang tan kena ing pati.
Yen wis mangkono sira bakal weruh/meruhi papan padang nerawang handelahi
tanpa wewayangan, jembar tanpa tepi ora ana keblate, ora ana ngisor lan
duwur, kang katon mung suwung sepi lan rasa kang tentrem ayem. Kedadian
iki saya panguwasaning Roh = uteg. Mulane roh uteg bisa duwe panguwasane
kang mangkono mau, jalaran dek nalikane isih ana ing alam donya babadan
wadag, dayane tanpa nganggo wates ukuran. Sebab badan sakojur iki
dikuwasani dening uteg (kawruh) lan pinteram/ kapinteran mula aran Yang
Maha Luhur.
Yen kena panguwasaning kaluhurane Suksma, banjur ora duwe karep apa apa,
iya iku kang sinebut aran Mangeran Suwug, tegese ora ana barang kang
sinediyam Manawa kerem kandeg ana ing kono, bakal dadi Ratuning jin lan
peri.
Yen cahya padang mau banjur ilang, sira bakal pirsa cahya kang blerengi
kaya sunare srengege, iki kedadian saka napas. Mula kaya mangkono awit
dek isih ana ing alam donya nganggo badan wadag. Napas iku maweh cahya
ing badan sakojur. Ing kono aran Yang Maha Mulya.
Yen kena pangaruhe kamulyane Suksma, yaiku kang sinebut Mangeran wujud,
sebab ing kono duwe karep arep nganakake warna rupa, tegese duwe sediya
nitis, manjelma maneh, yen kliru sediyane banjur dadi retuning danyang
dan prayangan.
Yen cahya kuning, iku kedadian saka Budi, sebab nalika isih ana ing alam
donya, Budi iku gawe sucining badan sakojur, ing kono aran Yang Maha
Suci. Yen kena pengaruhe kasuciane Suksma, agawe sucining Jiwa, kang
aran Mangeran konta (gambaran kang ora ana wujude). Mula banjur gawe
ragu raguning (gojak gajek) lan yen kandeg ana ing kono, bakal dadi
retuning setan.
Yen cahya kuning banjur musna, banjur weruh cahya ireng, yaiku kedadian
saka Iman, sebab nalika isih ana ing alam donya Iman iku nguwasani badan
sakojur, ing kono aran Yang Maha Kawasa, yen kena pangaruhe kuwasaning
Suksma, banjur duwe karep nindakake penguwasaning Jiwa, yaiku kang aran
Mangeran ana (wujud), tegese deweke ngakoni diri pribadi yen klelep ing
kono bakal dadi retuning Bekasakan nunggal bangsa lan setan, nanging
luwih kasar.
Yen cahya ireng mau banjur ilang, ganti dadi cahya putih iku kadadian
saya pangrasa, sebab nalika isih ana ing alam donya, pangrasa mau
ngebeki ing badan sakojur mula aran Yang Maha Agung, yen kena pengaruhe
Aguning Suksma, bakal nitis dadi bangsane manuk.
Yen cahya putih mau musna, bakal/banjur weruh cahya abang iki kedadian
saka pangrungu (pamiarsa) awit pamiarsa mau dek nalika isih ana ing alam
donya masesa ing badan sakojur, mula aran Yang Maha Wasesa, yen kena
pengaruhe wasesane suksma, bakal nitis dadi kewan galak.
Yen cahya abang wis ilang, bakal pirsa cahya kang wening (bening) iki
kedadian saka paningal, awit maune dek isih ana ing alam donya paningal
iku gawe purbaning badan sakojur, mula aran Yang Maha Purba, yen kena
daya pengaruhe purbaning suksma, bakal nitis dadi kewan kang urip ana
ing banyu.
Yen cahya wening musna, banjur pirsa cahya kang monca warna, yaiku
ireng, abang, putih, kuning lsp, iki kedadian saka pangambu, nalika isih
ana ing alam donya hanyamati ing badan sakojur, mula aran Yang Maha
Manon, tegese meruhi samubarang kalir kang bakal tumeka sinebut Soca
Batara, wondene asale cahya monca warna mau kedadian saka anasir patang
prakara, yaiku Bumi, Geni, Angin, lan Banyu.
Keterangane Mangkene :
1.
Cahya Abang : Asal seko geni, dumunung ana ing jantung, dadi napsu
amarah, mula kena pengaruhe cahya abang bakal nitis dadi manungsa kang
sugih nepsu (murka).
1.
Cahya Ireng : Asal saka bumi, manggon ana ing waduk (weteng) dadi
pangrasa, watake ngongsa utawa kesusu mula yen lena pengaruhe cahya
ireng, nitis dadi manungsa kang sugih pangerten lahir.
1.
Cahya Putih : Kedadian saka angin, manggon ana ing sanubari dadi sabar,
yen kena pengaruhe iki bakal nitis dadi manungsa kang sugih kawruh
kebatinan
1.
Cahya Kuning : Asal saka banyu, dumunung ana ing uteg, dadi kawruh
lahir lan batin, dayane bisa weruh (nimbang) kedadian ala lan becik,
bener lan luput, iki bakal nitis dadi manungsa wicaksana, ahli budi,
yen tembung Indonesia aran Budiman lan Gunawan.
Kabeh mau salugune mung gumantung marang karsane Gusti Allah, mula sing
perlu tumrap para manungsa sumujude marang Pangeran kang Maha gesang.
ooooooooo000ooooooooo
GAMBLANGE :
Bumi, Geni, Angin lan Banyu jalaran iku kang dadi pokok anasiring urip,
yen kurang pangertine kang dadi asal usule, handadekake kurang
sampurnaning kawruhe ing bab kebatinan. Wondene katerangane mangkene :
Yen sira wis ngerti marang asal usule uga kudu ngerti marang tegese
(karepe) awit yen ora mangkono bisa gawe kliruning panganggep
(panggangone) sebab yen ora mangkono bisa gawe kurang percayane
(ngandele).
Yen wis ngerti dununge kudu ngerti kanggone, sebab yen ora ngerti
kanggone bisa ndadekake binggunge ing pangertene. Yen wis ngerti
kanggone kudu ngerti marang kedadiane, sebab yen ora ngerti kedadiane
bakal gawe gojak gajekge kawruhe.
Yen wis ngerti marang kadadiane kudu ngerti buktine sebab yen ora weruh
buktine ora ana gunane tumrap ing pangertene.
Sebab sakabehing ilmu iku yen mung apal sesebutane bae ora kanti
dilakoni babar pisan tanpa gawe prasasat kaja manuk bejo, bisa omong
nanging ora ngerti tegese. Luwih luwih bab ilmu kebatinan, iki yen ora
dilakoni dinyatakake malah nambahi dosa, sebab banjur dadi ahli umuk
durung tau weruh nyatane, omonge kaya kang wis pada weruh buktine, dadi
aran batin lahir goroh. Sebab sapa iku sing ngerti temenan (apal) tumuli
dilakoni, supaya sira ora dosa lahir lan batin ana ing donya tumeka ing
akerat.
GAMBLANGE MANEH MANGKENE :
Bab badan iku sakbenere raga kang wis ora kanggo (mati) wondene rasaning
pati iku ana patang bab yaiku :
1.
Rasaning jantung, lakuning napas
2.
Rasaning weteng (waduk) lakuning pangrasa
3.
Rasaning sanubari lakuning budi
4.
Rasaning uteg lakuning Roh
Mula patang bab iki diarani badan, jalaran asale saka bumi.
BAB ANGGOTA RAGA
Iku uga kedadian saka patang bab, yaiku :
1.
Roh, kang nglakokake engetan
2.
Pangambu, kang nompa kabeh sawernane panggoda
3.
Napas, kang nglakokake getih lan rahsa
4.
Pangrasa, kang nglakokake sari sarining daging, kulit lsp, kang dadi
dasaring urip.
BAB NYAWA
Kang aran nyawa iku kedadian saka telung bab, kang isih kena diowahi lan
kena gingsir yaiku :
1.
Iman , manggon ana ing pulung ati
2.
Pamiarsa (pangrungu) dumunung ana ing kuping
3.
Paningal, dumunung ana ing mripat
Mula telung bab iki diarani nyawa, sebab asale saka banyu, mongka banyu
iku bisa owah gingsir, ora bisa tetep ajeg panggonane. Dadi kuwajibane
uga ora tetep.
SUKSMA
Kang aran Suksma iku kedadian saka limang bab, kang ora bisa owah
gingsir yaiku :
1.
Roh , dumunung ana ing uteg
2.
Napas, dumunung ana ing jantung
3.
Budi, dumunung ana ing sanubari
4.
Pangrasa, dumunung ana ing waduk (weteng)
5.
Pangambu, dumunung ana ing irung
Limang bab iki diarani Suksma, jalaran asale saka angin. Nyatane angin
iku kahanane kang tetep ora tau owah gingsir. Jagad iki sakisine kabeh
wiwit sakdurunge dumadi wis kebekan dening angin. Mula suksma iku uga
ora bisa owah lan ora bisa gingsir sebab asal saka angin.
Anane manungsa nganggo badan, anggota, nyawa, suksma jalaran deweke
kanggonan pirantining urip wolung bab, yaiku : Roh, Napas, Budi, Iman,
Pangrasa, Pangambu, Paningal lan Pangrungu.
Dene liyane iku klebu ing golongan kang kasar, yaiku kulit, daging,
balung lsp, yaiku kang asal saka Bapa Biyung, mula diarani badan kasar
(wadag) sebab katon wujude.
Yen kang asal saka Pangeran yaiku wolung bab mau, sanajan ora katon ing
mripat wadag nanging ana buktine, dumunung ana ing badan (raga) nyawa
lan suksma.
Dene salugune badan, nyawa lan suksma mau ora bisa lumaku, yen ora
sarana obahing keteg, dene obahing keteg iku jalaran kena daya lakuning
bumi, geni, banyu lan angin. Patang bab iki anggone bisa tumindak, sebab
saka kenadayane Swasana, kaya kang diterangake mau, bab jagad kebekan
dening angin, ya swasana kang ngebeki cakrawala iki, mula diparibasakake
alus tan kena jinumput, gede ngebaki jagad.
Dadi ceta lan terang, dumadining manungsa iku kang pokok saka dayane
swasana, dene swasana iki kang dadi lantaran dumadining manungsa iku
dibagi dadi rong bab yaiku: swasana kang tumuju ing jaba badan, lan
swasana tegese hawa kang kumpul, Swa tegese panggonan. Dadi terange
tembung kumpuling hawa.
Dadi swasana kang tumuju ana ing jero badan, Swa tegese umur, Sana
tegese panggonan, wutuhing tembung panggonan umur, dene umur iku
dumunung ana ing Napas. Dadi uriping manungsa iku sebab nganggo Swasana
kang dununge ana rong panggonan, yaiku ana ing jaba lan ana ing jero
badan. Dadi ora bisa nganggo saperangan bae, kudu jaba lan jero. Yen
mung nganggo sebagian bae mesti ora bisa urip banjur aran mati.
Oooo0000000ooooo